Pasinaon Basa Jawa

Wawan Rembug

Kereme kapal pesiar Costa Corcordia ing pulo Giglio Italia ndadekake kagete wong-wong sadonya. Ing atase kapal gedhe, apik samubarange kok tetep bisa kerem. Kayane ora tinemu nalar. Mula akeh kang padha gumun. Klebu Bu Panut lan Mbak Ajeng (kekarone jeneng sesinglon) kang lagi padha rujakan ing emper omah. Pacelathon kekarone kaya ing ngisor iki.

  Bu Panut Aku ya gumun je Mbak Ajeng, ana kapal gedhe lan apik kok ya bisa kerem. Rak ya aneh ta?
  Mbak Ajeng Lho .......... ......... menapa ingkang kerem Bu? Kula kok dereng mireng!?
  Bu Panut : Lho kepriye ta Mbak Ajeng kuwi, lha rak lagi wae ana pawarta kereme kapal pesiar kang kondhang “mewah” kuwi ta Jeng, neng Italia kana!
  Mbak Ajeng Ooh inggih ta! Lho kok saged gih? Kerem wonten negari Italia?
  Bu Panut Bener, ana neng ......... Italia. Mulane kuwi Jeng, kok .......... ya. Aku melu gumun banget. Kamangka kapale kuwi gedhe lan apik tenan lho Jeng.
  Mbak Ajeng  Lho saenipun kados menapa, menawi mengsah alam gih tetep kawon ta!
  Bu Panut Aku ora ngira je, dakkira kapal kuwi yen gedhe lan apik kuwi, ora ana sing ........ karo dheweke. Jebul nubruk karang wae banjur ora nduwe daya ya.
  Mbak Ajeng Leres Bu. Katandhingaken kaliyan alam, damelan manungsa menika boten wonten menapa-menapanipun.
  Bu Panut Iya-ya, saiki aku lagi dhong, yen sejatine alam kuwi keladuk kuwate tumrap manungsa lan gaweyane.
  Mbak Ajeng Mila boten samesthinipun manungsa menika umuk. Gih ta Bu...?!

Bu Panut dan Mbak Ajeng banjur enggal nerusakane anggone padha rujakan. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.
Tembung Ngoko
Krama
Krama Inggil
bisa saged -
gedhe ageng -
kapal (prau) baita -
kalah kawon -
negara negari -

Dialog

Tenggelamnya kapal pesiar Costa Corcordia di pulau Giglio Italia membuat kaget orang-orang sedunia. Walaupun termasuk kapal besar, mewah fasilitasnya ternyata tetap bisa tenggelam. Sepertinya tidak masuk akal. Maka banyak yang heran. Termasuk Bu Panut dan Mbak Ajeng (keduanya nama samaran) yang sedang makan rujak di teras rumah. Dialog keduanya seperti di bawah ini.

  Bu Panut Saya juga heran Mbak Ajeng, ada kapal besar dan bagus kok ya bisa tenggelam. Kan aneh to?
  Mbak Ajeng Lho .......... ......... apakah yang tenggelam Bu? Saya kok belum mendengar!?
  Bu Panut Lho bagaimana to Mbak Ajeng ini, lha kan baru saja ada berita tenggelamnya kapal pesiar yang terkenal mewah itu to Jeng, di Italia sana!
  Mbak Ajeng Ooh iya to! Lho kok bisa ya? Tenggelam di negara Italia?
  Bu Panut Benar, ada di ......... Italia. Makanya itu Jeng, kok .......... ya. Saya juga sangat heran. Padahal kapal itu sangat besar dan mewah lho Jeng.
  Mbak Ajeng Lho sebagus apapun, jika musuh alam ya tetap kalah to!
  Bu Panut Saya tidak mengira, saya pikir jika kapal itu besar dan mewah, tidak ada yang ........ dengan kapal itu. Ternyata nabrak karang saja sudah tidak berdaya ya.
  Mbak Ajeng Benar Bu. Dibandingkan dengan alam, buatan manusia itu tidak ada apa-apanya.
  Bu Panut Iya-ya, sekarang saya baru paham, jika sebenarnya alam itu terlalu kuat bagi manusia dan buatannya.
  Mbak Ajeng Makanya sudah semestinya jika manusia itu tidak sombong. Benar to Bu...?!

Bu Panut dan Mbak Ajeng segera kembali melanjutkan acara makan rujak. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca diminta untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!

Tingkatan tembung ngoko – krama seperti yang digunakan di atas. 

Tembung Ngoko
Krama
Krama Inggil
Indonesia
bisa saged - dapat, bisa
gedhe ageng - besar
kapal (prau) baita - kapal
kalah kawon - kalah
negara negari - negara